Sunday, September 16, 2018

Geguritan Jawa Udan riwis-riwis wanci wengi

udan riwis-riwis wanci wengi
atis, ati iki isih kuwawa ngronce kembang
kabecikan, ora preduli.

marang pembaunging jaman kang wengis
sanajan mung sethithik isih ana sisa-sisa kautaman,
sing pantes rinumpaka
ing tembang lan geguritan kang lungit

udan riwis-riwis wand wengi
atis, ati iki isih bisa mbedakake ala lan becik
rungokna tumetesing banyu udan
ing gentheng njaba lan swarane kodhok ing blumbang,
mangungkung kaya-kaya ora duwe utang

udan riwis-riwis wanci wengi
atis, dak gawa ing pangimpen
nganti surya ndadari ing langit wetan


0 comments:

Post a Comment