Friday, September 21, 2018

Geguritan katrersnan Pinaring Judul WIDODAREN KIDUL WANCI WENGI


WIDODAREN KIDUL WANCI WENGI

nganti kami tenggengen anggonku nyawang
kaendahaning alam karang padesan
dhasare wulan purnama, suruping surya
sinambung padhanging rembulan
sarwa nengsemake tanpa kuciwa
anane ung rasa ayem lan tentrem


wanci wengi, widodaren kidul, ing kene
datan ana maneh kidung panguwuh kajaba
wis ngalela aruming kembang cepaka
mulya lan dining banyu wening, kumricik
ing perenging gunung kasucen

Kasihku, rungokna tembang katresnan iki
ya ing wengi iki uga gawanen nendra
supaya dadi impen nengsemake

nganti jago kluruk esuk
sliramu bakal dak pageri saran donga-donga
pepudyaning ati, jer iku dudu dongeng sing ngayawara

Geguritan Katresnan damel siro sing tak sayang Diajeng Via kinasih

2 comments:

  1. I appreciate the efforts you people put in to share blogs on such kind of topics, it was indeed helpful. Keep Posting! ( percetakan 24 jam & percetakan jakarta timur )

    ReplyDelete